Babad Kutha Kendal
Bhatara katong utawa susunan katong kalian pasukane dumugi wonten kaliwungu lan milih papan wonten pegunungan penjor utawi pegunungan telapak kuntul melayang. Katah tokoh wonten rombongan kayata Ten koe pen jian Lien, Han Bie Yan Ian Raden Panggung.
Ketigo tokoh wonten satunggaling dinten, kondang kanthi asmo Tekuk Panjalin. Kyai Gembyang lan Wali Joko.
Penyebaran agama islam wonten sekitar kaliwungu, mboten wonten alangan napa-napa. Nanging mlebet tlatah kang radhi ngalen wonten sawijining tokoh agama hindhu/budha, dheweke yaiku mantan patinggi kadipaten wonten kerajaan Majapahit kangge tlatah Kendal/Kaliwungu, engkang asmane Suro Menggolo utawi Empu Pakuwojo.
Kagem ngislamake utawi ngajak Pakuwojo supoyo mlebet agama islam, mboten gampel kayadane ngislamake Masyarakat biasa liyane. Biasane sifat isin lank rasa dados taklukan yaitu nyedaki bener. Amargi krasa piambak keluwihan , pengislaman niku diwernani ngagem adu ksesakten kayadene Ki Ageng Pandaran ngislamaken para “ Ajar “ wonten perbukitan bergota/ pulau tiring.
Kesepakatan utawi syarat-syarat didamel kangge rasa sadare ksatria pilih tanding. menawi sunan katong saget ngalahke piyambake purun mlebet islam. lan dados muride sunan katong.
Kalian direncangi 2 rencange lan 1 sadereke. adu kesakten mlampah kanthi rame. Perang antaranipun Pakuwojo kalian Sunan Katong sak sanese adu fisik uga adu kekuatan awak ingkang piyambake ajeng mlayu lan umpetan wonten pikirane. Sunan Katong mboten bakal ngertos menawi piyambake umpetan.
Keleresan ten mriko wonten satunggaling wet ageng kang bolong. Kaleh Pakuwojo diagem kangge supadhos Sunan Katong mboten ngertos. Nanging amargi ilmu ingkang di gadahi Sunan Katong saget nemokaken Pakuwojo lajeng Pakuwojo ngaku kalah.
Kados janjine Pakuwojo waune lajeng piyambake ngucapaken 2 tembung syahadat kagem tanda menawi piyambake mlebet islam. Kalian Sunan Katong wet ingkang dinggeh ndelek Pakuwojo diparingi asma wit Kendal, ingkang artine “ Penerang “. Wonten papan puniko Pakuwojo ke buka atine lan pikirane dados Padang lan mlebet islam. Lepen ingkang damel papan adu kesakten di paring asma wet Kendal inggeh puniko lapen ingkang mbelah tlatah Kendal, tepate wonten ngajeng Masjid Kendal.
Pakuwojo ingkang wiwitane kalian tiang – tiang katah kondang kanthi asma Empu Pakuwojo, Kalian Sunan Katong di paring asma pangeran Pakuwojo Kagem Penghargaan amargi piyambake petinggi Majapahit. wiwit niku empu Pakuwojo milih manggen wonten desa Getas kecamatan Patebon. Kala-kala piyambake wonten ing padepokan ingkang letake wonten perbukitan sentir utawi Gunung Sentir lan dados muride Sunan Katong. Lajeng wonten sekitare wit Kendal di arani Kendal Sari.

0 komentar:
Posting Komentar