Sabtu

Pidato Bahasa Jawa


PIDATO ING DALEM NGENGETI TAHUN BARU

Asslamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Poro sederek sedoyo sebangsa lan setanahair.
Langkung rumiyen monggo kulo lan panjenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngresanipun Allah SWT. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal ngengeti tahun baru, inggih meniko tahun : …. niki saget kempal wonten panggenan.
Saderek sedoyo ingkang kulo hormati.
            Lan panjenengan sedoyo wakdal niki gesang wonten tahun baru, inggih meniko tahun ;…… Milo saking ing dalem nglebeti tahun baru niki, monggo kito sedoyo ginakaken lan ngisi kelawan ngelampahi pinten-pinten kesahenan lan wonten manfaatipun kangge agami, lan bangsa.
            Kito sedoyo kedah nyumerapi mbok beleh umur kito tambah kirang, niki menurut agama Islam. Milo saking niku, kito sedoyo kedah estu-estu ngginakaken wakdah kanti sahe kelawan ngelampahi kesahenan, mumpung hidup sehat, mumpung wonten kesempatan lan mumpung mboten sakit-sakitan monggo kito sedoyo selaku hambanipun Allah swt. ingkang beriman lan takwa kito tingkatken malih anggenipun ngabekti dumateng panjenenganipun Allah.
Saderek sedoyo sebangsa lan setanah air.
            Lan kelawan peringatanipun tahun baru;…….., niki kito penting sanget ngoreksi lan ngitung-ngitung sakpinten amal sahe ingkang kulo lan panjenengan sedoyo sampun lampahi, salami ing dalem gesang wonten tahun ;………. ingkang sampun kito sedoyo niki tilaraken. Semanten ugi kito sedoyo sanget penting kelawan ndugine tahun baru niki nyaheni lan ningkataken malih amalan ingkang perlu dipun tingkataken. Lan menawi sampun sahe kito sedoyo mempertahakno ampun gantos menurun lan kirang. Wonten nggene satunggalipun hadist dipun jelasaken, mbok beleh tiyang sahe niku tiyang engkang dowo umure nanging sahe amal. Dados kito dipun paringi dumateng Allah swt. gesang ngantos tahun niki kanti sehat wal afiyat, monggo kito senantiasa ngabekti dumateng Allah kanti sahe lares naming mados ridhoipun. Lan penting sanget kito sedoyo memperhatosaken nopo ingkang sampun dipun ngendikaken kaliyan penyair arab, inggih meniko :
“ MAN KAANA YAUMUHU KA-AMSIHI FAHUWA MAGHBUUNUN, WA MAN KAANA YAUMUHU SYARRAN MIN AMSIHI FAHUWA MAL’UUNUN WA MAN KAANA YAUMUHU KHAIRAN MIN AMSIHI FAHUWA RAABIH”.
Ingakang artosipun : “ Sopo sing dino iki koyo dino wingi (kemarin) mongko deweke iku wong sing ketipu. Lan sopo sing dino iki luwih elek songko dino wingi mongko deweke iku wong sing terlaknat. Lan sopo wong sing bati ( untung).”
Poro sederek sedoyo ingkang kulo hromati.
            Sakderengipun sambutan kulo niki kulo tutup, monggo kito sedoyo kanti estu-estu ngelebeti tahun baru;………niki nyadari lan nyumerapi mbok beleh sedoyo menungso gesang wonten ndunyo niki boten langgeng, lan mesti wonten akhiripun. Lan akhir saking gesang niku arupi kematian, lan semanten ugi kematian menungso niku mboten wonten ingkang sumerap. kapan, dinten nopo, tanggal pinten ingkang nyumerapi. Keranten masalah mati niku dipun rahasiakaken kaliyan Allah. Akhirul kalaam. Ihdinashshiraathal Mustaqiim. Wassalamu’alaikum Warrahmatuallahi Wabarakaatuh.

2 komentar:

Anonim mengatakan...

sip

Unknown mengatakan...

itu dalilnya diambil dri mna??klau al-quran srat apa ayat brpa??

Posting Komentar